.
Jumat, 31 Juli 2009
NGUNDHUH WOHING PAKARTI LAN NGANGGO PECI ING ENDI WAE
Rikala semana yen krungu welinge wong tuwa pancen keri ing kuping. Kadhang awake dhewe ora mikir apa karepe wong wong tuwa. Ana ing pepanggihan iki ana rong pepeling kang diwariske dening wong tuwa marang panulis. sateruse pamirsa bisa melu ngangsu kawruh bab pepeling mau.
pepeling kang diparingake dening wong tuwa panulis yaiku "ngundhuh wohing pakarti" lan "nganggo peci ing ngendi wae". Ngundhuh wohing pakarti iku ana ing ajaran hindu diarani dharma lan karma. Dharma ateges sing sapa tumindak becik bakal antuk walesan kang becik. senajan apa kang ditindakake iku mung sithik. Ajaran iku jumbuh karo alquran surat Al Zalzalah ayat 6 kang tegese sing sapa tumindak becik senajan padha wiji bayem bakal antuk walesan kang jumbuh. Karma tegese tumindak ala bakal antuk walesan kang ala. Pramila kabeh tumindak iku ana petungane dhewe. Kudu dieling wong urip ing ngalam donya iku mung ibarate mampir ngombe. Dadi urip iku mung sedela. Mula ora kena adigang adigung lan adi guna, kemlungkung, takabur, dupeh sugih bandha, nduweni rupa ayu utawa bagus, pinter ing ngelmu, luhur ing drajat lan pangkat. saobahe manungsa bakal diawasi dening malaikat Rokib lan Atit. Tumundak becik dicathet tumindak ala ya mesthi dicathet.
wong urip iku ya ibarate numpak kapal. Dadi yen wis tutuk kapale kudu mudhun. yen kesenengen numpak kapal iku ateges kesenengan urip ing donya. iku ateges tujuane urip ora kecekel. Mula supaya bisa ngliwati segara kudu nduweni sangu kang cukup, yaiku dhuwit kang mbayar kapal mau. Semono uga ing urip supaya duwe sangu kang cukup kanggo ing tembe mburi kudu nduweni sangu kabecikan kang rupa amal sholeh.
Nganggo peci ing ngendi wae, yen ditegesi wantah mesthi bakal kleru. Amarga pepeling iku duweni teges entar, kang kudu ditegesi kanthi jero. karepe wong tuwa pepeling iku, ing ngendi wae pangucap, tumindak lan panganggo kudu tansah linambaran agama. pangucap kudu linambaran agama supaya ora angger ngucap, kudu dipikir kanthi premati. tumindak kudu linambaran agama ora asal tumindak dadine naslisir saka bebener. Panganggo kudu linambaran agama ora angger nganggo saenggo aurat diler, dipamerna ngalor ngidul tanpa aji.
Para pamirsa muga-muga kanthi seratan kang prasaja bisa ndadekake tinarbuka lan ati-ati sadurunge ngucap, tumindak lan nganggo rasukan. Sateruse muga-muga pamirsa paring komentar marang tulisan kang prasaja
Langganan:
Postingan (Atom)